Ngonceki Babagan Basa Rinengga
Basa rinengga yaiku basa kang rinacik kanthi endhah lan
lumrahe kanggo karangan susastra, dene rinengga tegese dipacaki, pinajang,
dipaesi, kinarawistha.
Basa rinengga narik kawigaten amarga :
1.
Basane endhah : ora saben dinane dianggo
2.
Becik pangrakite tembung/pamilihing tembung kang
trep
3.
Kridaning swara (bersajak)
Gunane :
1.
Supaya katon endhah
2.
Bregas : maknane dhuwur banget
3.
Ngrengreng : racak/runtut
Basa rinengga lumrahe digunakake ing :
1.
Buku-buku sastra
2.
Tembang-tembang
3.
Geguritan
4.
Wayang purwa/wong
5.
Kethoprak/ludruk
6.
Panyandra manten mligine kanggo pranatacara
TULADHA BASA RINENGGA LAN TEGESE
a)
Lir tinubruk ing mong tuna, sinamber ing gelap lepat
(tandange wong kang gugup gurawalan amarga atine tratapan banget).
b)
Sewu begja kemayangan (luwih begja banget).
c)
Ngrepepeh-ngrepepeh pindha satak manggih krama
(wong kang tindak-tanduke sajak mendhak-mendhak andhap asor semu ngasih-asih).
d)
Majua sayuta ngarsa, sakethi wuri (nantang
supaya dikroyok).
e)
Trimadya candra (telung tengah sasi).
f)
Kajonjang sumangga asta kathigas sumangga jangga
katuwek sumangga jaja (sumangga turut kemawon/nrima ing pandum).
g)
Ngasta bang-bang alungi praja (nguwasani negara
lan tanggung jawab ala becike/ bisa nggawe abang utawa negara).
h)
Lagya eca ngge nira imbal wacana, kesaru
suwaning wadya bala kang nggantung laku (lagi enak-enake omong-omongan ketekan
para warga kang lagi nindakake jejibahan/tugas/kewajiban).
i)
Ngamuk punggung sira tan taha nirbaya nirwikara
(ngamuk kanthi nekad banget ora ana barang sing diwedeni).
j)
Kekarone kinanthi manjing ing sasana rinengga
(kekarone didherekake ing panggonan kang wis diwenehi pepajangan).
Jenis rinenga apa?
BalasHapus